Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Patriotisme

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Patriotisme


Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh.

الحمد لله رب العالمين وبه نستعين وعلى أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على أشرف الأنبياء والمرسلين وعلى آله وصحبه وبارك وسلم أجمعين. اما بعد.

Bapak ibu juri ingkang kawulo hormati, bapak ibu guru ugi ingkang kulo hormati, soho konco-konco ingkang kulo tresnani. Ing kadulangangan meniko monggo kulo lan panjenengan sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dumateng gusti Alloh SWT. Ingkang paring rahmat lan hidayahipun sehinggo kulo lan panjenegan saget makempal ing acara meniko tanpa alangan satunggal menopo.
Sholawat lan salam, monggo kito aturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun kulo lan panjenengan dumateng agami islam, agama ingkang dipun ridhoi dumateng Alloh SWT, lan mugi-mugi kito sedoyo angsal syafa’atipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, Allohumma Aamiin, Ya Robbal ‘Aalamiin

Para pawuh ingkang minulyo.
          Kito sedoyo sampun mangertosi menawi negeri Indonesia puniko sampun saget sejajar utawi sami kaliyan negeri maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging punapa saget Indonesia mancor kados sakmeniko menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945?
Menawi kados meniko kida kedah intropeksi diri saha kedah nggadah pembagan menapa ingkang sampun kito aturaken dhumateng bangsa kito.

          Para rawuh ingkang kulo hurmati.
Kangge ngisi kamardikan menika kita menika meningka siswa/i Indonesia mangga sesarengan nggadah rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial meniko saged kito wujudaken kados :
  1. Paring kinurmatan marang guru-guru, tiyang-tiyang, luwih-luwih pahlawan bangsa kito.
  2. Sami ngelestarikaken budaya utawi nilai – nilai tradisi bangsa ingkang kinata saking budaya daerah nggih kados basa jawi meniko.
  3. Njagi keutuhaning persatuan saha kesatuan bangsa lan sapaunggalanipun.


Menawi tigo meniko minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda-pemudi Bangsa Indonesia, In sya Alloh kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipnn raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmeniko budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkanng negative puniko cepet kaliyan generasi sami wonten saindenging nuswantoro saha mboten ambed-bedakaken sadhrek-sadhrek kito supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya puniko.

  Sadherek-sadherek ingkang minulya.

Kulo kinten sampun cekap ingkang saged kulo aturaken. Kulo ugi nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kulo ingkang mboten sekeca wonten panggalohipun para rawuh sedaya.


Wassalamu’alikum Wr Wb

1 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Patriotisme"

  1. 1xbet korean - ⚡️1xbet korean ᐈ 1xbet - Sports Betting
    1xbet 1xbet online is a free online betting platform established in 2017 and is regulated by the UK Gambling Commission. This company is licensed in Malta,

    ReplyDelete